Sabtu, 12 Mei 2012

Tembang Dolanan Bahasa Jawa 1


MENTHOG-MENTHOG

Menthog menthog tak kandani
Mung lakumu angisin ngisini
Mbokyo ojo ngetok
Ono kandhang wae
Enak enak ngorok
Ora nyambut gawe
Menthog menthog
Mung lakumu
Megal megol, gawe guyu





GUNDUL GUNDUL PACUL

Gundul gundul pacul cul
Gemblelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul
Gemblelengan
Wakul ngglimpang -
Segane dadi sak latar
Wakul ngglimpang
Segane dadi sak latar

Ono bocah gundul ndul
Lungo menyang sawah
Nyunggi nyunggi wakul kul
Karo gemblelengan
Mlaku neng tengah ndalan
Ora wedi bebayan
Mlaku neng tengah ndalan
Ora wedi bebayan
Wakule ngglimpang
Dadi sak latar

Ojo nangis ndul
Mundhak tambah gundhul
Ojo nangis ndul
Mundhak tambah gundul



KUPU KUWI

Kupu kuwi tak encupé
Mung aburé ngewuh aké
Ngalor ngidul
Ngetan bali ngulon
Mrono mrene
Mung sak paran paran
Mbokyo mencok – tak encupe
Mencak mencok – clegrek
Banjor mabor – kleper


JARANAN

Jaranan jaranan jarane jaran teji
Sing nunggang ndoro bei
Sing ngiring poro abdi
Jek jek nong jek jek gong
Jarane mlebu neng lurung
Gedebug krincing gedebuk krincing
Prok prok gedebuk jedher

Jaranan jaranan jarane jaran kepang
Sing nunggang klambi abang
Mlakune ndut endutan
Jek jek nong – jek jek gung
Jarane mlebu neng lurung
Gedubug krincing
Gedubug krincing
Prok prok gedebug jedher

Jaranan jaranan jarane jaran kori
Ora ono kendhaline
Jarane mlayu dhewe
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
Jarane mlebu neng lurung
Gedebuk krincing
Gedebuk krincing
Prok prok gedebug jedher



SUWE ORA JAMU

Suwe ora jamu
Jamu godhong lumbu
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan tambah ayu

Suwe ora jamu
Jamu godhong meniran
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan ngajak dolanan

Suwe ora jamu
Jamu kunir asem
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan mesam mesem

Suwe ora jamu
Jamu kembang turi
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan karo suri






NUMPAK SEPUR

Ayo numpak sepur
Lungo nèng Semarang
Wong iki sepuré
Mbayaré sepisan

Sopo trimo mbonceng
Konangan kondektur
Mengko yen dijewer
Nopo mboten kojor




OJO RAME RAME

Ojo rame rame
Simbah putri lagi sare
Sare ono kamar
Awan awan ngajak dolan

Dolan neng plataran
Yen wis sore podho bubar
Bubar bali ngomah
Esuke podho sekolah

Ojo rame rame
Adik cilik lagi turu
Turu karo sibu

Adik nangis nyuwun susu
Susu susu bubuk
Bobok dhewe ono kamar
Ayo tangi – esok esok



CUBLAK-CUBLAK SUWENG

Cublak cublak suweng
Suwenge teng gelender
Mahmu ketundhung gudel
Pak gempong lera lere
Sopo ngguyu ndhelikake
Sir sir pong dhele gosong
Sir sir pong dele kopong




SIR KOSIR

Sir kusir – mbang kembangan
Prahu kenter, ora di tambang
Sir kusir mbang kembangan
Prahu kenter, ora di tambang

Wohe wuni konco-
Dinggo rujakan
Wohe pelem konco-
Dinggo manisan
Awan bengi konco-
Ora dolanan
Elingono konco-
Mbesok ulangan

Sir kusir – mbang kembangan
Prahu kenter, ora di tambang
Sir kusir mbang kembangan
Prahu kenter, ora di tambang

Buah manggis konco-
Manis rasane
Buah jeruk konco-
Kecut rasane
Podho sregep konco-
Ing sekolahe
Yen wis pinter konco-
Akeh kancane



OH ADHIK KU

Oh adhik ku kekasihku
Ojo pijer nangis wae
Ayo dolan karo aku
Ono ngisor uwit manggis
Dhelo maneh ibu rawuh
Ngasto oleh-oleh
Gedang goreng karo roti
Mengko di paringi



PITIK CILIK

Aku duwe pitik cilik
Wulune blirik
Cucuk kuning jènggèr abang
Tarong mesthi menang
Sopo wani karo aku
Mungsuh pitikku

Aku duwe pitik tukung
Buntute buntung
Saben dino mangan jagung
Mesthi wani tarong
Sopo wani karo aku
Mungsuh pitikku

Aku duwe pitik trondhol
Wulune brondhol
Mung lakune megal megol
Tarong mesthi nothol
Sopo wani karo aku
Mungsuh pitikku

4 komentar:

  1. Semoga tembang dolanan tetap lestari.
    Sekalian ijin share

    BalasHapus
  2. Aamiin., monggo silakan yang mau share..

    BalasHapus
  3. Matur nuwun.
    Menawi saged dipun tambah sluku-sluku bathok.

    BalasHapus