Kamis, 10 Mei 2012

Tembang Dolanan Bahasa Jawa 2


ANDE ANDE LUMUT

Putraku – si ande ande lumut
Tumuruna ono putri kang unggah-unggahi
Putrine sing ayu rupane
Kleting abang iku kang dadi asmane

Bu sibu – kulo mboten purun
Duh sibu – kulo mboten medhun
Nadyan ayu sisane si yuyu kangkang

Putraku – si ande ande lumut
Tumuruna ono putri kang unggah-unggahi
Putrine sing ayu rupane
Kleting ijo iku kang dadi asmane

Bu sibu – aduh aduh romo
Kang putro tasing dereng kerso
Mergi kang putro tasih nandang asmoro

Putraku – si ande ande lumut
Tumuruna ono putri kang unggah-unggahi
Putrine kang olo rupane
Kleting kuning iku kang dadi asmane

Bu sibu – kulo injih purun
Kang putro inggih badhe mudhun
Nadyan olo puniko kang kulo suwun




LIR ILIR

Lir ilir lir ilir,
Tandure wis sumilir
Tak ijo royo royo
Tak sengguh temanten anyar

Cah angon – cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo masuh dodo diro

Dodo diro dodo diro
Kumitir bedhah ing pinggir
Dandanono clumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo surako surak
Yo surako........ horé









JAMURAN

Jamuran yo ge ge thok
Jamur opo yo ge ge thok
Jamur gajih mbrejijih sak oro oro
Siro mbedik jamur opo
-- jamur payung...... salah!

Jamuran yo ge ge thok
Jamur opo yo ge ge thok
Jamur gajih mbrejijih sak oro oro
Siro mbedik jamur opo
-- jamur kayu...... salah!

Jamuran yo ge ge thok
Jamur opo yo ge ge thok
Jamur gajih mbrejijih sak oro oro
Siro mbedik jamur opo
-- jamur kuping...... salah!

Jamuran yo ge ge thok
Jamur opo yo ge ge thok
Jamur gajih mbrejijih sak oro oro
Siro mbedik jamur opo
-- jamur barat...... bener!


KIDANG TALON

Kidang talon
Mangan kacang talon
Mil kethemil, mil kethemil
Si kidang mangan lembayung

Tikus pithi
Duwe anak siji
Cit cit cuwit, cit cit cuwit
Maju perang wani mati

Gajah belang
Soko tanah plembang
Nuk renggunuk, nuk renggunuk
Gedhene meh podho gunung


SI IBU

Ibu nandi lawange dikunci
Cendhelane podho ditutupi
Iki wes wayahe jam siji
Wes wayahe wetengku di isi

Kabeh – yen tak takoni
Mesthi mangsuli – ora weruh
Kabeh – yen tak takoni
Mesthi mangsuli – ora weruh





PADANG BULAN

Yo prokonco dolanan ing njobo
Padang mbulan padhange koyo rino
Rembulané é wis awé awé
Ngéléngaké ojo podho turu soré soré

Yo pokonco yo podho mreneo
Ramé ramé ing kéné suko suko
Langité padang sumebar lintang
Yo podho dolanan sinambi cangkriman



BUNG MALIKI

Bung maliki, bong maliko
Genteng omahe dhewe
Alon alon omahe ndoro
Ndoro ndoro kanjeng

Nyang pasar tuku klambi
Klambi klambi batik
Nang pasar tuku pitik
Pitik pitik tukung
Nyang kebon ngundhuh jagung
Jagung bakarane
Ngrampungke gaweyane






















SLUKU SLUKU BATHOK

Sluku sluku bathok
Bathoke ela elo
Si romo menyang Solo
Leh olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip goleko dhuwit



KODHOK NGOREK

Kodhok ngorek kodhok ngorek
Ngorek pinggir kali
Theot theblung theot theblung
Theot theot theblung

Bocah bodho bocah bodho
Njalok di jamoni
Jamu opo jamu opo
Jamu temu lawak

Kodhok ngorek kodhok ngorek
Ngorek pinggir kali
Theot theblung theot theblung
Theot theot theblung

Bocah pinter bocah pinter
Besuk dadi dokter
Numpak montor
Numpak montor
Motor motor mabur

2 komentar: